Minggu, 10 Juli 2011

Urip Iku ...

taken from here
Suddenly i found this words. Words i got when attending Arsitektur Jawa Lanjut session last semester. Words that give a deep meaning for me...=)

Urip iku ora ana kang nguripi. Urip ki urip ijen. Ning urip nguripi sakkabehing urip. Kabeh ana merga kalenggahan urip. Urip sing ngemong, urip ki sing Maha Suci, sing miring jagad, sing kagungan. Ora ana manungsa kang duwe. Hooh, mangkat ra nggawa apa-apa, mengko bali ra nggawa apa-apa. Mula kowe wus ana kanggo turu, wis isa mangan, wis, kuwi wis matur nuwun. Mengko kowe bali ra nggawa apa-apa. Ngertia ngger ya! Bektia! Sungkema karo Kang Maha Suci! Sungkema! Urip iku, Guru Jati, Pepundhen Jati, Sesembahan Jati kang mangolah marengga ragamu rina wengi, lan nggendong ragamu ngalor ngidul. Urip iku sing Maha Kuwasa. Urip iku ngebaki jagad. Sing cedhak urip iku ana telenging rasa jati. Nek digambarake, urip iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan. Genggang sak rambut pinara pitu ngglethak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar